Jumat, 19 Oktober 2012

aku bangga lair karo dadi bocah kediri!

sugeng siang sedoyo rencang-rencang, khusus dingge postingan iki aku bakal ngomong nggawo boso keseharianku, boso jowo kediri. ehehehe
paling lek awakmu moco iki, mesti enek sing mbok bingungne utowo mbok empet, keri-kerine panggah rasan-rasan. paling standart, awakmu bakal ngomong kambek njipuk kesimpulan lek boso kediri iki medhok. tapio hoorrra popooo! justru enek sisi sing iso tak banggakne soko medhok ku iki. salah sijine, aku ijek kejawen :)

lair nek kuto kediri, tanggal 5 agustus 1993. biyen aku nganggepe kuto iki kuto cilik. soale sing tak eruh mek secuplek doko, banjaran, dandangan, burengan, katang, tepus. uripku munyer ndek kono ae. pol-polan rodok adoh titik paling yo piknik karo keluargaku nyang gunung klotok, lupute ngono nyang paggora opo ubalan. lan jujur, aku rung tau blas ngencik opo kui gunung kelud ._. tapi ojo salah nda, aku pueeenguuuen rono. tapi sawangen postinganku sakdurunge iki, semester 3 kui membahana membabibuta melanglangbuana. bzzz

asline aku rodok sensi lek enek bocah opo uwong takok aku, "omahmu kediri ndi?". saikimu, urip ndek doko ancen magak. magaaaaak pol. pol-polan! kabutapen ning tengah kota. dadi lek aku ditakoni uwong, aku sering ngaku kediri tengah. salahe dewe, mindset e wong-wong iki lho, mesti berprasangka lek kabutapen iki menggilankan. padahal, lek aku njelasne, ngerti simpang lima gumul opo ora?


lhadala, yo kui simpang lima gumul. simpang lima gumul iki mlebu kabutapen lho cah, dadi lek aku njelasne omahku cedeke simpang lima gumul, aku ra patio dihina, soale iki kabutapen di tengah kota. paham?

dadi asline aku yo rodok iri lho cah, mosok aku numpang lair tok nek kota terus bapakku mbangun omahe ndek kabutapen. pindone, aku iri kambek wong-wong kota sing pinggiran ngono, sak elek-elek e daerahe, sak mbulak-mbulak e omahe, panggah ae KTPne kota. lak suedih to aku ngrasakne ngeneki. tapi yo cah, percoyo o aku. kabupaten kediri iki sek apik lek dibanding kabupaten kabupaten liane. sek rame, sek megah. setidak e ra sepiro kamseupil. *rodok menghibur diri*. saiki aku ngroso aku dadi rodok gaul ae, aku wes ngerti panggon-panggonane refreshing nek kediri, sudut-sudut sing apik digawe bergaule cah enom, dan kui lagek tak temokne saiki, pas aku kuliah, kesimpulane, selama sekolah, aku nyang ndi ae ndaaaa?-__-

percoyo opo ora, masio KTPku tulisane KABUPATEN KEDIRI, aku sek luweh rumongso dadi bagiane teko kota kediri. aku ra eruh nyapo, mungkin yo goro-gorone ket TK sampek SMA aku sekolahe nek kuto kediri. lagek pisan iki kuliah menclong ke negeri tetangga, masio ngko pengenku aku kerjo mbalek nyang kutoku dewe eneh. dingge majokne opo sing ugung maju, hihi.

oyo, omongne masalah maju orane, tak duduhi yo, kediri saiki wes rame, wes macet, wes berkembang. dobol e, nyapo kok saiki. ra ket biyen-biyene pas aku sekolah -_- ngerti ngono kan aku iso sekolah nek kediri ae, wes hemat biaya, iso nyambi kerjo pisan bzzzz. eh malah curhat, iki lho nda enek pirang-pirang mall sing dibangun ndek kediri saiki. lak ndisek mek enek sri ratu karo golden tok, terus disusul kediri mall, dhoho plaza karo UFO department store, saikio wes enek kediri town square. pertanyaanku panggah, nyapo ra ket mbiyen ae bos _._ kediri town square iki asline luweh elit lho tiwas mall mall ndek kediri liyane. regane nyundul langit, bedo karo kediri mall sing saiki wes dipenuhi manusia monster energy lek malem minggu. saoooedih pol nda! sing sijine, saiki kediri wes enek ramayana dewe. wes ra nggabung. dadio yo ngono, urip maleh golek diskonaaaaaaaan ae -_-

percoyo opo ora, tapi iki tak dudui tenanan, saiki kediri mbangune edan-edanan. krungu krungu arepe mbangun bandara, padahal jembatan karo stadion megahe ae ugung dadi. eh lali, kampuse ub kediri yo ugung dadi, sek enek kampus cadangan gawe perkuliahane cah-cah ub kediri saiki. bzzz yo jolayak saiki pacakane cah-cah sma, termasuk smast, kok wes syip kabeh. aku lak nek sandinge cah-cah smast rodok minder, soale yo kui, aku berasa koyok upik abu di tengah para berlian. bzzzz

ngomongne masalah kuliner, arepe golek kuliner murah sekelas pecel tumpang opo sego bantingan sing uuuueeeenak yo enek nek kediri. awakmu luwe? mek nggowo duit 2ewu setengah? ndang budalo nyang jalan dhoho lek bengi. mulai jam setengah 9an ngono, bakule pecel wes jentrek-jentrek. rasane? kamplengen aku lek misale rasane ra enak. pecel kediri iki istimidut nda, tumpange pedes kambek sedep e wuuuuw ralidok akeh sing kepincut terus kesengsem hahaha.



yo koyok ngono kui lho suasanane cah, jan ngayemne ati lek bengi-bengi nek jalan dhoho iki. terus dingge sampeyan-sampeyan sing seneng karo sego goreng opo mie ayam, nyango jalan dhoho yo iso. lek nek kuto-kuto gedi liyane, sampeyan nemokne sego goreng e nggawe sosis, utowo nggorenge nggawe elpiji, nek kediri horraaa! nek kediri iki yo, nggorenge nggawe areng, jan rasane mantap cyiiin. ojo nyeluk jenengku lek awakmu arepe ngomong rasane ra enak. buzz enak e jiaaan jos tenan!
peh, goro-goro ngomongne panganan aku maleh luwe cah. oiyo lek misale yo pengen junk-food ngono-ngono kui, nek kediri ket jamanku SD wes enek McD, terus disusul KFC, terus saiki PH, resto-resto karo rumah makan elit wes sak ndiayak-ndayak tersebar ndek seluruh sudut kota. dadi ojo kuwatir, sampeyan-sampeyan ra bakal dadi kamseupil nek kene :)


ngomongne masalah sudut kota, aku iki ra ruh sopo PWK ne kuto iki. tapi sing jelas, segmentasine wes sip. contohe ngene, pusat pendidikan di dekek ndek kulon kali, masio ra menutup kemungkinan wong etan kali pengen duwe sekolah apik, dan saiki yo enek. lha sing nek etan kali, kui pusate hiburan kehidupan, koyok mall mall sing tak sebutne maeng, masio panggah ndek tengah kota dadi wong kulon kali ra kadohan lek arepe rono. peh, tapi saiki kediri panas. tapi sak panas-panase kediri, aku jarang tumon uwong nyrobot lampu merah, karo lalu lintas sing berantakan. soale opo, soale dalane kediri ombo dan sek kejawen kui maeng. masio, kadang tapi arang macet mbunderi saben nggon nek kuto.

percoyo o aku, nek kediri iki lengkap. pisan neh yo, lengkap! dadi sembarange enek. masio ora guuuedi, ra membahana, tapi nek kediri iki lengkap! lengkap bagi sing gelem membuka diri :) paham maksudku? lengkap bagi sing bangga urip nek kediri. misale, ndi pantaine kediri? yo ra ngonone nda, lek kui rodok berlebihan, ancen kudu nyang kabupaten tetangga lek pengen ndelok pantai, lek ndek kediri eneke delta brantas kui lho, sing aku pengene sok tak bentuk koyok kanal-kanal nek luar negeri, dadi kenek digawe hiburan masyarakat sing ra ndue duit :) percoyo o aku neh yo, bah kabeh wong ngomong banyu angel, beras langka, elpiji sulit, nek kediri iki panggah ae berjalan seperti biasa. embuh nyapo, paling powere gusti Allah kalian kanjeng rojo joyoboyo menaungi kabeh iki. maturnuwun kanjeng.

sing arep tak omongne neh iki masalah PERSIK, tau krungu? macan putih? iyo, bolak balik dadi juara. itu duluuu tapi *iki rodok nyindir pemerintah* yo aku ngroso kebanggan balbalane cah kediri saiki wes ra diopeni, kasus kono kene, dan aku mek iso ndongakne, bangkito persikku koyok biyen. soale, getih ungu kangen karo ngaunganmu, macan putih sing dibanggak-banggakne. dan bariki kan pemilihan walikota? persik mania kudu iso milih walikota sing dikarepne. dene walikota sing saiki iso mbangkitne, yo dienteni realisasine, lek dikiro ra iso, yo ......................................................... *isilah sendiri* *demokrasi*

yo kui maeng sing iso tak tulis tentang kediri, masio mek titik mugo-mugo iso dadi tombo kangen karo mbukak mripat sampeyan sedoyo. sik ugung tak critakne piye pohsarang, kelud, lan sak panunggalane. waktuku mek titik, tujuanku apik. pesenku. ra enek salahe sekolah nek negerine uwong liyo, gowo jeneng apik e kediri. tapi luwih becik eneh, lek njenegan kerso mbalek rene, ngapik ii opo sing ugung apik, nambahi apik opo sing uwis apik, karo ilmu sing njenengan gadah sak niki. percoyo o, adek-adekmu, anak-anakmu- putu-putumu butuh njenengan, butuh kediri sing luwih apik :)

DJOJO ING BOJO!

2 komentar:

  1. Kita sevisi bro. Ayo mbangun Kediri. Lagi ngumpulno wong Kediri sg gak skeptis lan bangga karo Kediri iki.

    BalasHapus
  2. Alhamdulilah Wasyukurilah behehehe. Ayo Mbak Dit, sedih kalo liat anak-anak cerdas dari Kediri ga mau mikir buat kotanya sendiri. Btw, emang ga rugi sempat di-MOS-in Mbak Dita pas SMP, akhirnya sevisi :D

    BalasHapus